-->

SOAL UJIAN SEKOLAH BAHASA JAWA SMP DAN PEMBAHASAN

SOAL UJIAN SEKOLAH BAHASA JAWA  SMP DAN PEMBAHASAN

KABUPATEN GROBOGAN


Kesempatan pada hari ini adalah bagi bagi soal ujian sekolah semua mata pelajaran. buat persiapan belajar dan latihan tahun sesudahnya. Pada artikel ini yang akan dilaunching  adalah soal ujian sekolah Bahasa Jawa tingkat SMP dan disertai pembahasan.

A. Soal Pilihan Ganda

1. Paragraf narasi kang nggambarake rerangken tumindak kanthi maneka cara kanthi tujuan ngrangsang daya khayal/ imajinasi pamaca, kaya wujud cerkak lan novel, iku mau pangertene jinis paragraf narasi ....
A.    ekspositoris                                                        C. orientasi
B.     sugestif                                                              D. komplikasi

2. Gatekna Serat Wulangreh Pupuh Pangkur pada 2 iki!
   Pangkur
Deduga lawan prayoga,
myang watara reringa aywa lali,
iku parabot satuhu,
tan kena tininggala,
tangi lungguh angadeg tuwin lumaku,
angucap meneng myang nendra,
duga-duga nora lali.
    Gegambaran watak kang diandharake ing tembang kasebut duwe pangarep-arep supaya .…
  1. dadi wong iku kudu tumindak drengki
  2. dadi wong iku kudu kebak pangati-ati nalika tumindak
  3. dadi wong iku kudu bisa open marang duweke dhewe
  4. dadi wong iku kudu kumingsun/ sombong
    3.   Gatekna wacan teks cerita rakyat iki!
….  Mbok  Randha  bungah  panggalihe  amarga  panjaluke  kepingin  kagungan  putra  wis kaleksanan.  Mbok  Randha  ngucapake  sokur  marang  Gusti  Allah  amarga dongane  wis dikabulake. Bayi iku mau wadon. Pakulitane resik alus kaya kulit timun. Amarga lair saka timun sing kuning kaya emas, bayi wadon kuwi dijenengake Timun Mas. Sawise Timun Mas ngancik diwasa, Mbok Randha kelingan janjine marang Buta Ijo menawa arep menehake Timun Mas. Mbok Randha dadi susah atine. Rina wengi Mbok Randha donga supaya entuk pitulungan saka Gusti Allah. Salah sawijining wengi, Mbok Randha ngimpi kapethuk wong tapa ing Gunung Gandhul. Wong tapa kuwi mau kang bisa nulungi supaya Timun Mas ora dipangan Buta Ijo .…”
(kapethik saka Marsudi Basa lan Sastra Jawa 1 kaca 40)
Amanat utawa piwulang luhur kang bisa kapethik saka pethilan crita kasebut yaiku ….
A.    tansah sokur marang paringane Gusti Allah
B.    Buta ijo arep menehi anak marang Mbok Randha
C.   aja gampang susah yen durung duwe anak
D. methuki wong tapa ing Gunung Gandhul


4. Gatekna wacan crita pengalaman iki!
Wing, Nak Pakmu Disanthet Wong Piye?
Aku iki anake wong tani. Kudune aku lulus SD taun 1978. Ananging nalika aku kelas 6 ana owah-owahan tahun pelajaran, dadine wektu sekolahe dadi 1,5 taun, mula aku lulus SD tahun 1979. Sawise SD, aku banjur nerusake ing SMP. Sekolahku SMP ing kutha Purwodadi. Saben dina aku nyepedha onthel saka omahku tekan sekolahanku. Omahku udakara 7 km saka kutha Purwodadi. Aku mangkat saka omah jam 06.30 lan awane tekan omah watara jam 13.30. Iku mau yen sepedhane ora rewel ing dalan. Satekane omah pagawean ajeg saben dinane yaiku ngangsu, nggecrek, banjur menyang sawah utawa tegal ngrewangi wong tuwaku.
Manut pethilan crita pengalaman kasebut, sing crita pagaweyan saben dinane yaiku ….
A.    sekolah SMP ana ing kutha Purwodadi
B.    mangkat sekolah jam 06.30, mulih sekolah jam 13.30
C.   numpak sepedha onthel kira-kira adohe 7 km
D. ngangsu, nggecrek, menyang sawah ngrewangi wong tuwane

5. Gatekna wacan crita pengalaman iki!
Adicara Kirab Boyong Grobog tahun iki narik kawigaten masyarakat. Prosesi iki dadi ambal warsane Kabupaten Grobogan kaping 293. Kiwa tengen dalan gedhe Purwodadi – Pati dikebaki warga masyarakat nganti ewonan.
Adhedhasar wacan kasebut, warga masyarakat ngebaki dalan gedhe Purwodadi – Pati amarga ....
A.    arep nganakake ulang taune Kabupaten Grobogan
B.     kepengin nyawang bupatine sacara langsung
C.     arep nyawang adicara Kirab Boyong Grobog
D. arep tumuju menyang Alun-alun Purwodadi

6. Gatekna Serat Wulangreh Pupuh Sinom pada 1 iki!
Ambege kang wus utama,
tan ngendhak gunaning janmi,
amiguna ing aguna,
sesolahe kudu bathi,
pintere den alingi,
bodhone dinokok ngayun,
pamrihe den inaa,
aja na ngarani bangkit,
sukalila denina sapadha-padha.
Wewarah utawa piwulang kang kaemot ing tembang Sinom kasebut yaiku ….
A.    manungsa kang utama iku kudu duwe kapinteran mumpuni
B.    manungsa kang utama iku kudu bisa nyaingi sepadhane
C.   manungsa kang utama iku kudu pinter marang sapadhane
manungsa kang utama iku ora ngremehake kapinteran sepadhane

7. Gatekna pethilan cerita wayang Ramayana iki!
.... Sakwuse pamit marang rama lan ibune, Raden Ramawijaya ninggalake Keraton Ayodya dikancani Dewi Sinta garwane lan Raden Lesmana adhine menyang alas Dhandhaka. Senajan wis dijaluk Raden Ramawijaya supaya keri ing keraton wae, Dewi Sinta tetep kepengin ndherek garwane.
Kenapa Dewi Sinta tetep kepengin ndherekake garwane menyang alas?
A.    Amarga Dewi Sinta arep nyoba urip sing beda karo padatane.
B.    Amarga saking tresnane Dewi Sinta, mula ora gelem pisah.
C.   Amarga Dewi Sinta pancen luwih seneng urip ing tengah alas.
D.  Amarga Dewi Sinta kepengin tapa brata laku prihatin ing alas.

8. “Dan, opo wae seng kudu takgowo kanggo kemah sesuk lan kumpul jam piro?”
Ukara kasebut panulisane sing bener yaiku
A.    “Dan, apa wae sing kudu takgawa kanggo kemah sesuk lan kumpul jam pira?
B.    “Dan, apa wae sing kudu takgowo kanggo kemah sesuk lan kumpul jam piro?
C.   “Dan, opo wae sing kudu takgawa kanggo kemah sesuk lan kumpul jam pira?
D.   “Dan, opo wae sing kudu takgawa kanggo kemah sesuk lan kumpul jam pira?


9. Gatekna pethilan cerita legenda iki!
Bledug Kuwu
Keraton Medhang Kamulan dadi negara kang ayem tentrem jalaran kang dadi raja priyayi kang wicaksana jejuluk Prabu Ajisaka. Prabu Ajisaka jumeneng nata sakwuse ngalahake Prabu Dewata Cengkar, raja ing Medhang Kamulan sakdurunge.
Ing sawijining dina, ana ula gedhe kang ngadhep Prabu Ajisaka. Dheweke ngaku yen sejatine dheweke iku putrane Prabu Ajisaka. Sepisanan Prabu Ajisaka duka marang ula kasebut, nanging sawise diterangake kanthi tenanan, Sang Prabu mendha dukane. Sang Prabu kersa nganggep putra yen ula kasebut wis bisa mateni baya putih kang mapan ing segara kidul. Ula gedhe kasebut banjur budhal tumuju segara kidul nanging dhawuhe Prabu Ajisaka lakune kudu liwat njero bumi.
Kados pundi kawontenan Prabu Ajisaka nalika midhanget aturipun sawer bilih sawer menika ngaken putranipun Prabu Ajisaka?
A.    Remen sanget .                                         C. Duka sanget.
B.   Muwun sanget .                                               D. Lingsem sanget.


10. Gatekna Serat Wulangreh Pupuh Gambuh pada 4 iki!
Ana pocapanipun,
adiguna adigang adigung,
pan adigang kidang adigung pan esthi,
adiguna ula iku,
telu pisan mati sampyoh.
       Tembang Gambuh kasebut nggambarake watak manungsa kang ....
A.    seneng wewarah                                       C. seneng tetulung
  B.   seneng gumedhe                                            D. lembah manah


11. Pawarta bisa disiyarake lumantar media cithak, upamane ....
A.    koran, majalah, internet                           C. majalah, internet, radio
 B.   tivi, internet, koran                                          D. majalah, koran, tabloid


12. Bapak : “Pira butuhmu dhuwit kanggo tuku buku, Yan?”
Upama wangsulane bapake Yanto kaya mangkono, mature Yanto sing pas yaiku ....
A.    Yanto : “Rp. 75.000,00, Pak, reginipun, boten larang kok.“
B.    Yanto : “Regine pitung puluh lima ewu, Pak, bukune”.
C.   Yanto : “Bapak, kula arep tuku buku regine Rp. 75.000,00.”
 D.   Yanto : “Bapak, kula nyuwun arta kangge tumbas buku.”

13. Gatekna crita wayang Ramayana iki!
Lelabuhane Jatayu
Rajaning peksi menika asmanipun Jatayu. Piyambakipun dados mitra raketipun Prabu Dasarata. Pramila, sareng sumerep Dewi Sinta dipuncidra dening Rahwana, Jatayu enggal tumandang mitulungi. Kreta kencana dipuntrajang kemawon, Sinta dipunrebat. Nanging Rahwana nggegegi, boten nguwalaken. Dedreg udreg-udregan, rebatan Sinta wonten ing gegana. Eman dene Jatayu kalindhih, dipuntatoni saha dipunajar dening Rahwana. Swiwi kiwa sengkleh tugel, taksih megap-megap dipuntendhang, kumleyang ing awang-awang, dhawah ing siti kejet-kejet klebekan.
(Marsudi Basa lan Sastra Jawa; Priyantono, Sawukir)
Piwulang luhur kang bisa dijupuk saka carita kasebut yaiku ...
A.    dadi wong kudu seneng tulung-tinulung.
B.    dadi wong aja gumedhe lan ngremehake.
C.   dadi wong aja kedanan drajad lan pangkat.
D. dadi wong kudu tansah ngati-ati lan waspada.

14. Gatekna Serat Wulangreh Pupuh Kinanthi pada 1 iki!
Kinanthi
Padha gulangen ing kalbu,
ing sasmita amrih lantip,
aja pijer mangan nendra,
kaprawiran den kaesthi,
pesunen sariranira,
sudanen dhahar lan guling.
Pada tembang kasebut isine nyritakake bab ...
A.    awake dhewe kudu nyuda mangan lan turu supaya pinter ngenani “sasmita”.
B.    awake dhewe kudu sregep mangan lan turu supaya pinter ngenani “sasmita”.
C.   awake dhewe kudu dadi pahlawan supaya pinter ngenani “sasmita”.
D. awake dhewe kudu nglatih kalbu kanthi cara diakehi mangan lan turu.

15. Gatekna pethilan cerita legenda iki!
Dumadine Boyolali
Ki Ageng Pandhanaran dipunutus dening Sunan Kalijaga saking Semarang dhateng Gunung Jabalekat ing Klaten. Wonten satengahing margi, tindakipun Ki Ageng Pandhanaran sansaya tebih nilaraken garwanipun. Nyi Ageng Pandhanaran celuk-celuk sambat “Kangmas, boya lali karo aku”. Tembung “boya lali” dangu-dangu dening masyarakat kasebat Boyolali.
Pratelan iki kang trep kanggo nanggapi pethilan teks kasebut yaiku ….
A.  kudune garwane ora usah dienteni supaya enggal tekan sing dituju
B.  kudune garwane ora usah melu supaya ora nyuwe-nyuweni lakune
C.  kudune anggone tindakan bareng supaya garwane ora keri adoh
kudune ora usah lunga nindakake dhawuhe Kanjeng Sunan Kalijaga

16. Gatekna pacelathon iki!
Pak Nardi              : “Wonten napa, Pak Samto, kok regeng sanget?”
Pak Samto           : “Niki lho, Pak, kula kaliyan nyonya kula menika nembe reraosan bab basa Jawinipun lare samenika.”
Pak Nardi              : “Kok ndengaren ngrembag basa Jawi?”
Bu Samto              : “Ngaten lho, Pak, menika wau rak putranipun Pak Tono langkung ngriki. Dipundangu Pak Samto mawi basa Jawi wangsulanipun mawi basa Indonesia.
Sing dadi bahan pirembugan yaiku ….
A.  omongane bocah saiki                                    C. solah bawane bocah saikI
B.  tumindake bocah saiki                                           D. basa Jawane bocah saiki

17. Durung rampung Anoman anggone matur marang Dewi Sinta ing Taman Argasoka, dumadakan konangan dening Indrajid lan Patih Prahastha sawadyabalane. Anoman babar pisan ora gigrig. Anoman dikeroyok, nanging Anoman iku sawijining wanara kang pilih tandhing lan ora gampang dikalahake. Pungkasane Anoman karangket awit saka ampuhe gaman panah rante duweke Indrajid. Anoman kasowanake Prabu Rahwana. Prabu Rahwana kang duka banjur maringi pidana marang Anoman. Anoman arep diobong urip-uripan ing Alun-alun Ngalengka. Babar pisan Anoman ora ndhredheg utawa ciyut atine.
Wacan kasebut nuduhake yen Anoman nduweni watak ….
A.    sregep                                           C. srakah
B.  kendel                                                 D. jujur

18. Anoman diutus dening Raden Rama tumuju Ngalengka supaya nanjihake kahanane Dewi Sinta ngiras nodhi sepira kekuwatane Keraton Ngalengka. Minangka tandha yen Anoman nyata-nyata utusane Raden Rama, Anoman digawani ali-ali Sotyaludira supaya diaturake marang Dewi Sinta.
Endi kang dudu ancase Anoman diutus menyang Ngalengka?
A.    Nanjihake kahanane Dewi Sinta ing Ngalengka.
B.    Nggawa mulih Dewi Sinta saka Keraton Ngalengka.
C.   Ngukur sepira kekuwatane Keraton Ngalengka.
D.  Ngaturake ali-ali Sotyaludira marang Dewi Sinta.


19. Ukara-ukara iki kang ora kalebu ukara camboran yaiku ...
A.    Simbah Putri lagi dhahar pisang goreng ing ngarep TV.
B.    Bapak kondur saking Jakarta nalika Ibu taksih wonten peken.
C.   Saben esuk, Bagas nyapu latar, dene mbakyune ngrewangi masak.
D. Ing Borobudur wingi, Bapak mundhut klambi, dene ibu dhaster.

20. Gatekna Serat Wulangreh Pupuh Dhandhanggula pada 4 iki!
Nanging yen sira nggeguru kaki,
amiliha manungsa kang nyata,
ingkang becik martabate,
sarta kang wruh ing kukum,
kang ngibadah lan kang wirangi,
sokur oleh wong tapa,
ingkang wus amungkul,
tan mikir pawehing liyan,
iku pantes sira guronana kaki,
sartane kawruhana.
Piwulang luhur ingkang saged dipunpendhet  saking  tembang kasebat inggih menika menawi milih guru kedah ingkang ….
A.    tumindakipun sae lan sregep pasa sinaosa boten pirsa babagan kabecikan
B.    sregep anggenipun mucal kanthi ngajeng-ajeng dipunparingi pamrih
C.   tansah ngirangi dhahar lan ngunjuk utawi asring nindakaken pasa
D.   tumindakipun sae, pirsa ing kukum, sregep pasa, boten ngajeng-ajeng pamrih


21. Angka siji nganti sepuluh yen dibasakake kawi dadine ….
A.    eka, dwi, tri, catur, panca, sad, sapta, asta, nawa, dasa
B.    eka, dwi, tri, catur, sad, panca, sapta, nawa, asta, dasa
C.   eka, dwi, tri, catur, panca, sapta, sad, nawa, asta, dasa
D.  eka, dwi, tri, catur, panca, asta, sapta, sad, nawa, dasa


22. Gatekna pethilan sandiwara iki!
Pak Dhe Wardi    : “Le, Hanif. Rene, Le!” (Pak Dhe Wardi ngawe nimbali Hanif kang lagi mlaku bareng kancane nalika mulih sekolah.)
Hanif                    : “Dalem, Pak Dhe. Wonten napa?”
Pak Dhe Wardi    : “Hanif, Pak Dhe iki lagi mulih saka Surabaya. Mau bengi lagi tekan omah. Iki Pak Dhe titip oleh-oleh. Oleh-oleh iki ana 2, siji diwadhahi plastik kuning, sing siji putih. Sing kuning iki kanggo bapakmu, dene sing putih iki mengko aturna Simbah ya!.”
Hanif                    : “Nggih, Pak Dhe.”
Pak Dhe Wardi    : “Ya wis kana ndang mulih! Ati-ati! Dieling-eling tenan welingku, kowe aja njenang gula!”
Hanif                    : “Nggih, Pak Dhe.” (Hanif pamit karo ngambung tangane Pak Dhe Wardi.)
Ukara kang ora cocog karo wacan pacelathon kasebut yaiku …
A.    Pak Dhe Wardi nitipake oleh-oleh kanggo Bapake Hanif lan Simbah.
B.    Oleh-oleh plastikan putih kanggo bapake Hanif, dene kuning Simbah.
C.   Pak Dhe Wardi nembe wae kondur saka Surabaya mau bengi.
D. Nalika ditimbali Pak Dhe Wardi, Hanif lagi mlaku mulih sekolah.

23. Pak Dhe Wardi ngendikan “Aja njenang gula” maksude ….
A.    aja lali utawa nglali                                    C. aja nganggo gula
B.  aja nggawe jenang                                          D. aja nganti keri


24. Ing upacara mitoni, si calon bapak milih salah siji klapa gadhing kang cacahe loro banjur dipecah. Klapa siji digambari Kamajaya, sing sijine digambari Dewi Ratih. Klapa gadhing cacah loro iku diwalik supaya si calon bapak ora weruh gambare. Yen sing dipecah gambar Kamajaya, bayine lanang, dene yen sing dipecah gambar Dewi Ratih bayine wadon. Iku mung tradhisi, bisa wae slenca. Sejatine, sing nemtokake lanang utawa wadon iku namung Gusti Kang Maha Kuwasa.
Wacan kasebut menehi pitutur marang kita kabeh kaya kang disebutake iki, kejaba ….
A.    sing nemtokake lanang utawa wadon bayi kang arep lair iku mung Gusti Kang Maha Kuwasa
B.    klapa kang dipecah dening si calon bapak iku ora nemtokake lanang utawa wadone kelairan
C.   mecah klapa ing upacara mitoni iku mung tradhisi, dadi ora bisa dienggo pathokan kelairan
D.   yen sing dipecah iku gambar Kamajaya, bayine mesthi lanang, yen Dewi Ratih mesthi wadon

25. Gatekna gambar iki!
SOAL UJIAN SEKOLAH SENI BUDAYA SMP DAN PEMBAHASAN
Gambar kasebut nuduhake upacara panggih mantenan perangan ….
  1. sinduran                                                    C. midak tigan
B. sungkeman                                                     D. kacar-kucur



file lengkapnya anda bisa download pada link dibawah ini


LihatTutupKomentar